Selasa, 27 Maret 2012

tata upacara migunakake basa jawa


TATA UPACARA MIGUNAKAKE BAHASA JAWA
  1. Upacara pengerek ing gendera dina senin tanggal.............enggal kawiwitan.
  2. Para pangarsaning barisan padha nyamaptakake barisane dewe2.... (SIAGA TANDYA) 
  3. Pangarsaning upacara manjing jroning sasano upacara. (LAPOR, UPACARA PANGEREKING GENDERA SAMPUN SIAGA KATINDAKAKEN, PURNA) 
  4. Pakurmatan marang pangarsaning upacara kapandhegan dening pangarsaning barisan sing mapan ing tengen dhewe. 
  5.   Palaporan pangarsaning barisan marang pangarsaning upacara. 
  6. Pangreksa tomo upacara manjing jroning sasono upacara, barisan kasiagano. 
  7. Pakurmatan umum marang pangreksa tamo upacara kapandhegan dening pangarsaning upacara.
  8. Palaporaning dhumateng pangarsaning marang pangreksa tomo upacara  menawi upacara wis siaga ka wiwitan. 
  9. Pangereking sang DWI WARNA kairing lagu Indonesia raya.
  10. Ngeningake cipto kapandhegan dening pangreksa tomo upacara.
  11. Pamacaning teks pambukaan UUD 1945. 
  12. Pamacaning teks pancasila dening pangreksa tomo upacara sinartan dening sakabehing kang hanjenengi upacara. 
  13. Tanggap wacana dening pangreksa tomo upacara, barisan kasumenekake. (SUMENE ING PAPAN NIRA, TANDYA) 
  14. Nyayikake lagu wajib. 
  15.   Ndedongo dening pangarsaning hasdungkara.
  16. Palaporan pangarsaning upacara marang pangreksa tomo upacara manawa upacara paripurna. 
  17. Pakurmatan marang pangreksa tomo upacara kapandhegan dening pangraksaning upacara.
  18. Pangreksa tomo upacara jengkar saka sasono upacara.
  19. Pakurmatan marang pangarsaning upacara kapandhegan dening pangarsaning barisan sing mapan ing tengen dhewe
  20. Pangarsaning upacara ninggalake papan upacara. 
  • Lapor upacara pangeraking gendero dinten........... siaga katindakaken 
  • Kabeh barisan ...... siaga tandya 
  • Sumene ing papane dhewe dhewe, tandya 
  • Pakurmatan Marang Sang Dwi Warna, tandya....