Selasa, 27 Maret 2012

tuladha geguritan


Lha kepriye to……
Saben ketemu kaya- kaya ora kendhat
Saben tumindak kaya- kaya tansah ora lali
Saben dak wuruk
Saben dak wulang
Saben dak tuturi
Saben dak gula wenthah…………….

Jarene saiki tugase mung Fasilitator
Among minangka lelantaran
Siswa kang kajibah ngreka daya
Siswa kang kajibah mbudi daya
Siswa kang kudune ngudi samubarang
Mbiyen minangka punjering ngelmu
Saiki saderma alelados lan amung alelantaran

Jarene…..

Jarene siswa iku calon pemimpin bangsa
Ning kok nggogok ana mburi dhewe
Jarene siswa iku nerti tata krama
Patrapmu jempalitan
Jarene siswa iku baut ing parama sastra
Celathumu pating pecothot
Jarene siswa iku kebak prestasi
Ananging sarwa reged pakaryanmu

Lhe…  ndhuk
Isih adoh panjangkamu
Mula- dimula dipepeling
Sing prihatin lan taberi
Ngudi kawruh ngelmu kang migunani


                                                                                                Anggitan: Ratih sarwiyono

Tidak ada komentar:

Posting Komentar